Tuku bakmi, ngliwati sawah
Tuku tomat, neng Surabaya
Wayah pandemi, sinau ning omah
Tetep semangat, gak oleh ngersula
Ono truwelu, lumah-lumah
Ono sapi, turu mlungker
Yen pingin metu, saka omah
Ojo lali, nganggo masker
Iwak lohan, kudhungan tampah
Mlebu colt tepak, rupane biru
Pitung wulan, ora sekolah
Kangen bapak, lan ibu guru
Nggoreng tahu, rupane kuning
Nggoreng tekek, arep nggo jamu
Nelangsa sinau, lewat daring
Paketan entek, ora oleh sangu
sumber foto: kompasiana.com
No comments:
Post a Comment